Paguyuban Sabdaaji

Senin, 07 Januari 2008

SEKEDIK RIWAYAT SABDAAJI

4 warsa kepengker leresipun dinten Minggu surya kaping 4 Pebruari 2001 Paguyuban Sabdaaji lahir (mios). Lahiripun Paguyuban Sabdaaji saking wontenipun Radio Gloria Lumajang ingkang nyiaraken adicara paket Tembang Jowo utawi Pak Tejo pancen gayeng ingkang dipun asuh dhining kang Darmo. Adicara Pak Tejo pancen gayeng Radio Gloria Lumajang kathah pamirengipun (pendengar) sahenggo Radio Gloria asring ngawontenaken panggih pamireng (temu pendengar) khusus adicara Pak Tejo pancen gayeng. Kanthi menika para pamireng sering makempal, asring panggih lajeng ngomong-ngomong sarujuk damel paguyuban.Leresipun dinten Minggu surya kaping 4 Pebruari 2001, wonten dalemipun Ibu Lilik Sukodono Permai Blok B5 Lumajang para kadang sami makempal sesarengan antawasipun : P. Darmo, P. Suprayitno, P. Sumarno, P. Kwade, P. Achmad Setiano, P. Suliono, P. Untung S., P. Djangkung, P. Herman, P. Agus, P. Yatiman, Ibu Lilik, Ibu Susi, Ibu Sum, Ibu Darono lan sanes-sanesipun. Sami rembagan bab Paguyuban meniko. Pungkasanipun rembagan para kadang sami sarujuk damel Paguyuban lan dipun paringi nami “Sasana Budayaa Jawi Gloria” dipun singkat SBJG. Ugi damel Anggaran Dasar, Anggaran Rumah Tangga, pembentukan pengurus, lan sak panunggalanipun. Selami lumampah anggayai pakaryan kirang langkung angsal 1 warsa. Sak bibaripun ngawontenaken panggih pamireng wonten Klakah dalemipun P. Yatmi pas Rikolo pembubaran panitia wonten dalemipun P. Achmad S. nami Paguyuban Sasana Budaya Jawi Gloria ingkang dipun singkat SBJG. Kulo usulaken dipun gantos cekap Sasana Budaya Jawi, mboten usah ndamel embel-embel Gloria. Menawi damel nami wonten Glorianipun Sabdaaji menawi ngawontenaken kegiatan kedah ijin rumiyin dateng Radio Gloria. Menawi wonten embel-embelipun nami Gloria artosipun Sabdaaji tergantung pihak Gloria.

Kangge supados Sabdaaji mboten tergantung pihak Gloria nami paguyuban cekap Sasana Budaya Jawi utawi disingkat : SABDAAJI (Sasana Budaya Jawi). Dados paguyuan Sabdaaji secara administrasi mboten wonten hubunganipun kalian Radio Gloria FM Lumajang, nanging secara moral utawi batos Paguyuban Sabdaaji taksih wonten sambung raketipun kalian Radio Gloria, amargi dadosipun Paguyuban Sabdaaji meniko wontenipun adicara Pak Tejo pancen gayeng ingkang dipun siaraken Radio Gloria Lumajang.

Rikolo pertemuan wonten dalemipun P. Achmad Setiono para kadang ingkang sami rawuh, sami sarujuk usulan saking kulo (P. Darmo) inggih meniko : Paguyuban Sasana Budaya Jawi Gloria dipun singkat SBJG, dipun gantos Paguyuban Sasana Budaya Jawi dipun singkat “SABDAAJI” ngantos sak meniko. Perkawis nami Sabdaaji panjenengan maringi makna sanes monggo kerso panjenengan. Makaten sekedik riwayat Paguyuban Sabdaaji Lumajang.

Pangripto

(DARMO)

NB : Wonten kekirangan saha kalepatan nyuwun pangapunten Nuwun ! Mugi Rahayu ingkang samiyo pinanggih

0 komentar: